| 
 | 
" Bocah Gagah Ngadepi Valentine's Day "
Siki pancen
jamane teknologi, komunikasi bisa dilakoni nangndi-ngendi. Hape sapa-sapa siki
wis nduwe. sekang direktur nganti tukang cukur, sekang arsitek nganti bakul
lotek. Kabeh wis pada nduwe.
Mulane mamake
enyong njaluk tukokna hape. Tapi mamake enyong ora seneng hape merk CINA.
Senenge hape merk CORROS. Nah, Mbarang wis tuku hape, mamake enyong siki dadi
tambah gaul. Siki uwis ngerti fesbuk, tewiter, lain, wasap, be be em, yusup dan
lain lain. Merga weruh tulisan valentine nang tipi-tipi, mamake enyong terus
nulis nang gugel “apa itu valentine day”
“Valentine adalah
hari dimana orang orang yang sedang dilanda cinta, saling mengirmkan pesan
cinta dan hadiah hadiah antara satu sama lain, yaitu hari dimana Santo Valentine
mati sebagai seorang pahlawan yang teguh mempertahankan keyakinannya”
“  Tentang sejarah valentine tidak ada yang
jelas asal muasalnya, dan juga terdapat banyak versi sejarahnya. Akan tetapi
dari semua sejarah yang ada, semuanya menyebutkan bahwa perayaan valentine
hanyalah perayaan untuk memperingati kematian tokoh bangsa romawi yang
menyembah berhala “
Mamake kaget
ngerti sejaraeh valentine. Mulane siki ngomongi enyong kon aja pada milu milu
falentenan. Kuwe wujud peduline mamake maring enyong. Matur nuwun mak ,,,, “
Mamake, ailofyu ya mak ya “
Enyong gep takon
maring ko pada, kowe esih nduwe mamak, kowe ngerti tanggal patbelas februwari
kuwe dina palentin dae. Nek pancen kowe esih sayang maring mamake, tulung
coklat-coklat sing arep dinehna maring pacare atau gebetane mending dinehna
maring mamake bae, Nek ora ya nggo bapake, nek ora ya mbaeh. Sing jelas jelas
keluargane dewek.
Aja malah dinehna maring ewong mbuh sapa sing
udu adine udu kakange udu lilike dewek. Nek pancen jere kowe palentine dae kuwe
dina kasih sayang, ngapa kowe ora ngungkapna nggo mamakmu kambi bapakmu. Kowe
ora melas maring bapakmu sing udan-udan penekan wit klapa (nderes), lunyu, ora
wedi kepleset, taruhane nyawa cuy. Apa maning sing udan-udan maring sawah,
tandur, matun, kambi ndaut. Apa jar-ujare ora wedi kesamber mbledeg. Mamake
sing jelas-jelas saben ndina liwet kambi njangan nggo kowe pada, ndondomi
kathokmu nek kathoku suwek, nunggoni kowe nek kowe agi mriyang, urung arep turu
sedurunge kowe turu, gelem tangi nek kowe celuk-celuk. ngedusi, nyusoni,
nyewoki, ndulangi, nglambeni, mbuangna umbel nang irungmu kawit cilik nganti
kowe gede. Kadang kowe wis gede be esih njaluk didulangi.
Nah, apamaning
nek siki mamakmu uwis ora nana (innalillahi wa inna ilaihi rojingun)
Nek ora mamakmu
ora pernah nduwe wektu nggo kowe, kerja nang luwar negri, atau mamake kambi
bapake pisahan, kowe urip kambi mbaehh. Apa enggane kowe arep mbuktikna
sayangmu nggo kabehan nganggo cara kayakuwe. Seorane ya aweh hadiah donga atau
fatihah atau amal apa sing bisa gutul senajan pada ora weruh sing dekirimi.
Uwislah, arep butul kapan dewek
nyiyak-nyiyakna ewong-wong sing ngesogna pengarep arep nang gegere dewek.
Palentin yamen
palentin, kasih sayang yamen kasih sayang. Aja milu-milu sing kaya kaean pada,
freesek, freedom,freelove, lah yakuwe sing pada free free kabeh.
mending dewek
nglakoni hal hal sing manfangat, sing maen maen, uwis. kayakuwe tok.
Aku generasi platinum. 
 
 
 
 
 
 
 
 
 

0 komentar:
Posting Komentar